Powered By Blogger

Sabtu, 26 Maret 2011

Tata Surya

Tata Surya[a] (basa Inggris: Solar System) kuwe kumpulan benda langit sing kabangun sekang sawijining lintang sing jenenge srengenge lan kabeh objek sing kejiret nang gaya gravitasinya. Objek-objek kuwe termasuk wolung iji planet sing uwis konangan lan duwe orbit berbentuk elips, lima planet kerdil/katai, 173 satelit alami sing uwis diidentifikasi[b], lan jutaan benda langit (meteor, asteroid, komet) liyane.
Tata Surya kebagi dadi srengenge, papat planet bagian njero, sabuk asteroid, papat planet bagian jaba, lan nang bagian paling jaba yakuwe Sabuk Kuiper lan piringan kesebar. Awan Oort diperkirakna ana nang daerah paling adoh.
Adhedhasar jarake sekang srengenge, ana wolu planet Tata Surya yakuwe Merkurius (57,9 juta km), Venus (108 juta km), Bumi (150 juta km), Mars (228 juta km), Yupiter (779 juta km), Saturnus (1.430 juta km), Uranus (2.880 juta km), lan Neptunus (4.500 juta km). Awit pertengahan 2008, ana lima objek angkasa sing diklasifikasikna dadi planet kerdil. Orbit planet-planet kerdil, kecuali Ceres, jarake lewih adoh sekang Neptunus. Kelima planet kerdil kuwe jenenge Ceres (415 juta km. nang sabuk asteroid; ganu diklasifikasikna dadi planet kaping lima), Pluto (5.906 juta km.; ganu diklasifikasikna dadi planet kaping sanga), Haumea (6.450 juta km), Makemake (6.850 juta km), lan Eris (10.100 juta km).
Enem sekang wolu planet lan telu sekang kelima planet kerdil kuwe dikelilingi nang satelit alami, sing biasa disebut "bulan" sesuai karo Bulan atawa satelit alami Bumi. Saben planet bagian jaba diubengi nang cincin 
Gambaran umum Tata Surya (Ukuran planet digambarna sesuai skala, tapi jarake ora): srengenge, Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Ceres, Yupiter, Saturnus, Uranus, Neptunus, Pluto, Haumea, Makemake lan Eris.
Cithakan:Spoken Wikipedia

Tidak ada komentar:

Posting Komentar